Sunday 14 June 2015

Puspito sing tak arep wulung sing kok sugohne.

Naliko sepi
 pasuryanmu sing bening
tumibao ing banyu mili
turut pletheking surya
soyo suwe tansoyo adoh
ninggalake sepi
Tan ono sabowo
gumrisiking alang alang
aku mung biso nyawang
pasuryanmu sing kagowo banyu mili
turut kali nganti datan katon kasaput pedut
muspro tanpo tilas.





No comments:

Post a Comment