Saturday 8 October 2016

Masedo Ngopi

Secangkir kopi


*KOPI*  iku tegese *(Kopyor Pikirane),*
mulo kopi iku rasane *Pait.*
Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe
*LEGI* ( Legowo ning ati )
Carane kudu ditambahi
*GULO*  (Gulangane Roso) sing asale soko
*TEBU* (anteb ning kalbu), banjur diwadahi
*CANGKIR*  (Nyancangne piKIR).Trus di sebut
*WEDANG* (wejangan sing marahi padang) ojo lali di
*UDHEG* ( Usahane ojo nganti mandeg ) anggone nek ngudhek nganggo
*SENDOK"  ( Sendekno marang sing nduwe pondok ) dienteni ben rodo
*ADEM* ( Atine ben adem ayem ), bar kui diombe
*SERUPUT*  (Sedoyo Rubedo bakal luput).

Meniko falsafahipun *KOPI* mugi saget nambah wawasan poro konco sedoyo.

Sugeng Ngujuk kopi poro dulur🙏
Mugi Tansah Pinaring Wilujeng🙏
Sehat badan ugo pikire🙏🏻

No comments:

Post a Comment