Friday 9 August 2013

“Nadyan netra tansasmita, lathi tanwicara, hamung aksara tinata minangka duta. Bebeging manah nyuwun gunging pangapurandika lan sugeng riyadi.” “Gilir gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri. Kawula Masedo dalah Keluargo ngaturaken sugeng riaden sugeng karaharjan, rena ing penggalih kawula nyuwun agunging samudra pangaksama lahir trusing batos, mugiya tansah winengku ing karahayon lan widada ing sambikala.” “Rinengga suminaring surya dinten fitri cinandra resik ing wardaya, katur sugeng manghayubagya Idul Fitri nyuwun angunging samudra pangaksami, ing sedaya kalepatan kula Masedo dalah sakluwarga “minal aidinwal faidzin” mugi kita tansah winengku ing karahayon, gesang, lan mugi tansah pikantuk ridho saking Gusti Allah SWT.” Aamiin, “Kanthi linambaran tulus saha andhap asoring manah kula ugi ngaturaken sedaya kalepatan mugi sageda kalebur ing riyadi suci punika. Mugi Gusti Allah paring ijabah.” “Katur dhumateng ngarsanipun Bapak/Ibu/Simbah/Rencang sedoyo,dll, ingkang sepisan kula badhe ngaturaken sungkem pangabekti kula dhumateng Bapak/Ibu/Simbah/Rencang sedayanipun,dll, ingkang kaping kalih kula ngaturaken sugeng riyadi sedaya lepat kula nyuwun pangapunten lan sageta kalebur wonten ing dinten riyadi punika lantaran Bapak/Ibu/Simbah/Rencang sedayanipun,dll. Ingkang saklajengipun kulo ugi nyuwun pangestu mugi-mugi menopo engkang dados panggayuh kulo saged kaleksanan, Cekap atur kulo" Matur Suwun


“Nadyan netra tansasmita, lathi tanwicara, hamung aksara tinata minangka duta. Bebeging manah nyuwun gunging pangapurandika lan sugeng riyadi. ”Gilir gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri. Kawula Masedo dalah keluargo ngaturaken sugeng riaden sugeng karaharjan, rena ing penggalih kawula nyuwun agunging samudra pangaksama lahir trusing batos, mugiya tansah winengku ing karahayon lan widada ing sambikala.”
“Rinengga suminaring surya dinten fitri cinandra resik ing wardaya, katur sugeng manghayubagya Idul Fitri nyuwun angunging samudra pangaksami, ing sedaya kalepatan kula Masedo dalah sakluwarga. “minal aidinwal faidzin” mugi kita tansah winengku ing karahayon, gesang, lan mugi tansah pikantuk ridho saking Gusti Allah.Aamiin
“Kanthi linambaran tulus saha andhap asoring manah kula ugi ngaturaken sedaya kalepatan mugi sageda kalebur ing riyadi suci punika. Mugi Gusti Allah paring ijabah,
“Katur dhumateng ngarsanipun Bapak/Ibu/Simbah/Rencang sedayanipun,dll, ingkang sepisan kula badhe ngaturaken sungkem pangabekti kula dhumateng Bapak/Ibu/Simbah/Rencang sedayanipun,dll, ingkang kaping kalih kula ngaturaken sugeng riyadi sedaya lepat kula nyuwun pangapunten lan sageta kalebur wonten ing dinten riyadi punika lantaran Bapak/Ibu/Simbah/Rencang sedayanipun ,dll. Ingkang saklajengipun kula ugi nyuwun pangestu mugi-mugi menapa ingkang dados panggayuh kula saged kalaksanan. Cekap atur kula.” Matur suwun.

No comments:

Post a Comment