PSHT 1922

Friday 9 August 2013

Ing jagade susastra Jawa, Suluk Wragul bisa kagolongake salah sawijine karya kang ngemu piwulang utawa pepeling-pepeling luhur, ing antarane: siji, Sakabehe titah manungsa kudu bisa maca lan ngaca marang pribadine dhewe. Laku mawas dhiri kuwi kang jalari manungsa ora bakal dhemen nyacat sartane goleki cacate wong liya. Kejaba saka iku, manungsa uga ora bakal dhemen ngembe marang wong liya kang uripe sarwa prasaja lan katon samsara. Loro, sadengah titah manungsa tansaha lumaku sadawane margi kajujuran. Apa kang diucapke sartane kang dilakoni kudu trep karo swaraning ati. Kanthi laku mengkono, titah manungsa bakal antuk pepadhang lan pituduh saka Gusti. Adoh saka pepeteng kang jalari urip kejlomprong sajrone juranging kasangsaran. Telu, menawa sadengah titah manungsa kepengin ngawiti laku anyar, tansaha takon marang wong-wong kang wus pana lan buntas kawruhe. Kanthi cara mengkono, laku kang dilakoni ora bakal kesasar samadyaning marga. Nanging, laku kasebut bakal tumekeng panggon lan tujuane. Papat, Ana rong perkara sajroning laku pepujian marang Gusti kang wajib dimangerteni dening sadengah titah manungsa. Laku pepujian bakal dikabulke dening Gusti, menawa manungsa tansah percaya marang anane dzat kang dipuji sajroning sembahyang. Manungsa kudu yakin menawa pepujian kang diucapke lathi iku tulus saka manah suci. Keploking lathi lan ati sajroning laku pepujian iku kang bakal dadi sarana urip bagya mulya ing donya lan alam kelanggengan.




No comments:

Post a Comment