Thursday 26 July 2018

Falsafah Ngopi by:edopilpay

*FALSAFAH WONG JOWO*
☕️☕️☕️☕️☕️☕️☕️☕️☕️
Kuat dilakoni, gak kuat ditinggal NGOPI ☕
Soale menungso kuwi sejatine mung kurang siji... Yoiku: NGOPI

NGOPI iku tegese (Ngolah Pikiran), mulo kopi iku rasane PAIT.
Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe LEGI.

LEGI tegese (Legowo ning ati) / Berlapang Dada Hatinya, carane kudu ditambahi GULO.
.
GULO tegese (Gulangane Roso) / Mengelola Perasaan Baik, sing asale soko TEBU.

TEBU tegese (Anteb Ning Kalbu) / Mantab Hatinya, banjur diwadahi CANGKIR.

CANGKIR tegese (Nyancangne PiKIR) / Menguatkan Pikiran, trus disiram WEDANG.

WEDANG tegese (Wejangan Sing Marahi Padang) / Nasehat Yang Menentramkan Hati, ojo lali di-UDHEG.

UDHEG tegese (Usahane Ojo Nganti Mandeg) / Usaha Jangan Sampai Berhenti, anggone ngudheg nganggo SENDOK.

SENDOK tegese (Sendhekno Marang Sing Nduwe Kautaman) / Pasrahkan Pada Yang Maha Kuasa, dienteni sithik ben rodo ADEM.

ADEM tegese (Ati digowo Lerem) / Hati Jadi Tenang, njut bar kui lagi di-SERUPUT.

SERUPUT tegese (Sedoyo Rubedo Bakal Luput) / Semua Godaan akan Terhindar.

Meniko Falsafahipun "NGOPI"
Sumonggo... Ngopiii ....☕

Sadulur Kabeh, sugeng sruput kopi ☕️mugi ing dinten niki tansah, pinaringan sehat, selamet,
tebihaken sakeng rubedo lan tanaah pinaringan karomah
soho berkah saking Gusti Allah....

Aamiin 🙏🙏🙏

Wednesday 25 July 2018